TEKS DEKSRIPTIF PAKAIAN ADAT : Adibusana Banyumas



Saben daerah kagungan Adibusana. Adibusana menika saged dados perlambang budaya saking daerah-daerah. Adibusana biasane diagem kangge upacara adat, kelahiran, kematian lan dinten-dinten keagamaan.
Banyumas kagungan Adibusana. Adibusana Banyumas menika warisan saking nenek moyang. Adibusana Banyumas menika identik kalih paduan kain motif batik.
Wonten kathah jenisipun Adibusana teng Wilayah Banyumas. Kangge piyantun estri, wonten kebaya ingkang didamel saking bahan katun. Kebaya menika diagem kalih kemben lan stagen kangge nutupi dada. Saliyanipun katun, wonten kebaya ingkang didamel saking brokat ingkang kagungan warni ingkang peteng. Piyantun estri ngangge ngandapan jarik. Adibusana Banyumas kagungan ciri khas, inggih menika sapu tangan ingkang dicepeng dening piyantun estri.
Adibusana Banyumas Kebaya kagungan kathah makna. Inggih menika kepribadian piyantun estri Jawi ingkang patuh, alus lan lemah lembut. Kain jarik ugi kagungan makna inggih menika piyantun estri menika sosok ingkang saged njaga kesucianipun piyambak lan mboten gampil ngawehaken diri maring sinten mawon. Sawetawis stagen kagungan makna piyantun estri saged menyesuaikan diri.
Adibusana Banyumas kangge tiyang jaler inggih menika Lancingan, Bebed wala, Pinjungan, Iketan lan Nempean ingkang diagem kaliyan tiyang alit. Ingkang diagem kaliyan para priyayi inggih menika beskap ingkang kagungan motif kembang, destar, blangkon, stagen, keris, cemila, sabuk lan jarik ingkang diwiru.
Kathah makna ingkang diandut saking Adibusana menika. Blangkon kagungan makna tiyang jaler menika kagungan pikiran ingkang teduh. Keris kagungan makna perkasa lan kudu tahan karo godaan setan. Jarik menika kagungan makna aja serik, inggih menika kita sedaya mboten pareng iri kaliyan tiyang sanes. Selajengipun, wiru kagungan makna wiwiren aja nganti kleru.
Adibusana Banyumas kudu diuri-uri dening kita sedaya. Contohipun cara kangge nguri-uri Adibusana inggih menika ngagem Adibusana Banyumas. Pegawai Pemkab Banyumas saben dinten Kemis sampun ngagem Adibusana Banyumas. Mugi-mugi upaya kasebut saged nuwuhaken katresnan marang budayanipun piyambak.

Comments

Popular posts from this blog

work. // Laporan Hasil Praktikum Penerapan Teorema Torricelli

work. // PROPOSAL USAHA KERAJINAN BENDA PAKAI DARI BAHAN LIMBAH CELENGAN KARAKTER

work. // INDONESIA SEBAGAI POROS MARITIM DUNIA